Pepeling

oleh -1872 Dilihat
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Dening : Santoso Budi Susetyo S.Sos

“CEDHAK lan ngopeni” iku werdine banget-banget agung lan luhur. Cedhak kuwi tegese pemimpin kudu cedhak lan gelem nyedhak karo sing dipimpin. Gelem kumpul lan nyawiji ning masyarakat. Aja kemratu sing ndadekake angel temonane lan ndadekake wong cilik sungkan. Malah kepara wedi uga minder.

IKI ngono dhapur pepeling dulur-dulur. Paling ora kena kanggo ngelingno lan ngandhani awaku dhewe. Syukur-sukur nek isa migunani tumrape calon pemimpin utawa pawongan sing isih gelem ngrungoke pitutur. Eling lho, aja kok ingeti sapa sing omong, nanging rungokna apa sing diomongno wong iku.

Wis rong Pemilu iki olehku kampanye nganggo slogan supaya duwe tetenger sing khas tumprap awakku. Mestine ora angger tetenger. Sakliyane ukarane kudu apik, cekak tur aos. Sing luwih penting maneh, slogan iku kena dadi visi lan semangat perjuangan.

Baca Juga :  Mugo Iso Dadi Dalane Kamulyan Kahanan ing Tahun Kembar (2020) Iki

Sakwise methentheng anggonku mikir, kanthi akeh pertimbangan, akhire “cedhak lan ngopeni”, kuwi ukara sing tak pilih kanggo slogan kampanye. Sakliyane ukarane apik uga nduwe bobot teges sing agung.

Alat peraga kampanye sing tak gawe kabeh ana tulisane “cedhak lan ngopeni”. Kaya baliho, kalender, stiker lan alat peraga liya-liyane.

Media Sosial sing tak manfaatno kanggo kampanye angger posting, slogan iki uga tak cantumke. Pokoke kabeh sarana kampanyeku tak kanthili ukara “cedak lan ngopeni.”

Tinggalkan Balasan