Nggambleh

oleh -2311 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Disaring Alam

Wis dowo-dowo olehan Lik Di karo Min Nggambleh dho jagongan, Jo Gowang teko nyrambul omongan. ”Aku kok setuju karo nggamblehanmu Di,” karo ngguyu Jo Gowang muni ngono.

”Sing perkara apa leh, kok malah melu nggambleh?” Min Nggambleh nanggepi.

”Ya iku maeng, perkara gugon tuhon,” semaure Jo Gowang terus mbacutno ceramah. Dikandakno, perkara calonan mono percaya o menawa suk bakal ana saringane alam. Ora ana rumuse angger wakil nyalon terus ora bakal dadi, sewalike ora mesthi calon sing “diwadani” dinasti yo ora dadi.

Semono ugo, menawa mengkone ana calon anyar, terus dianggep ora isa nguwasani lapangan terus ora iso dadi. Kabeh maeng kari usahane calone. Nduwe modal apa ora ? Jaringane kuwat pora lan isih akeh faktor pendukung liyane.

Baca Juga :  Belum Jelas Nasib Calon Haji Blora Tahun Ini

Jo Gowang mung pesen, suk sapa ae sing kelakon dadi pemimpin, kudu iso ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani. Pemimpin mono kudu isa neng ngarep dadi tauladane pangreh praja lan rakyate – kudu iso ning tengah, mbaur karo rakyatnya iso dadi pengayom – uga kudu iso ning mburi minangka dadi motivator kanggo kemajuane rakyat sing dipimpin.

”Politik kok mbok doli mengkonok Jo !” Lik Di nyenggaki. ”Nek calone ngono sakjane yo apik, sing ora nguwati iku lho wong-wong sing wedi kelangan legine madu, rata-rata mbiyen kuliahe njupuk jurusan Tipu Muslihat.”

Baca Juga :  Diduga Akan Lakukan Sweeping Dengan Bawa Senjata Tajam, 32 Oknum Anggota Perguruan Silat Diamankan

Tinggalkan Balasan