Musoh Bumbung Kosong ?

oleh -2835 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Menawa apa sing dirasakno ning impen dianggep gangguan olehe urip sakbendina kudune ndang dimareni. Sewalike, menawa dirasakno minangka ngalamat apik olehe arep nglakoni urip, apike diempakno utawa dipraktekno.

Puspo Tajem

Sing nguleng pikirane Jo Gowang perkara tembung puspo tajem iku maeng. Ojo-ojo apa sing diimpekno Lik Di iku arep kedadeyan ning Mblora. Kok ana pawongan nganggo sandangan sarwo putih, surjan putih ngajak mlaku-mlaku ning Pati. ”Ojo-ojo ngimpine Lik Di mau minangka firasat, pralambang mengkone arep ana kedadeyan ning Mblora sing podho karo kedadeyan ning Pati cyah,” batine.

Terus kedadeyan ning Mblora apa sing arep podho karo kedadeyan ning Pati. Nek saiki sing melok-melok ning ngarep mata yo arep ana Pilkada. Apa hubungane ?

Baca Juga :  Waspada, 45 Hari Terakhir DB di Blora Capai 107 Kasus

Jo Gowang nekad merloke bukak-bukak internet, tekon si Mbahe sing terkenal pintere ora mekakat. Betheke mung kepengin ndeleng kabar Pilkada sing calone tunggal. Mak tratap, jebul kedadeyan ndok tahun 2017, Pilkada ning Pati calon tunggal, dadi yo musoh bumbung kosong. Partai pengusunge PDIP, PKB, Gerindra, Demokrat, Hanura, Golkar, PKS, dan PPP.

Barengan karo ning Pati, wektu iku Pikada digelar serentak ning pitung provinsi, 18 kota, lan 76 kabupaten sak Indonesia. Sak ora-orane ana 337 pasangan sing arep ngrebut 101 jabatan kepala daerah.

Baca Juga :  156 Wisudawan STTR Cepu Diminta Segera Abdikan Diri untuk Masyarakat Blora

Tinggalkan Balasan