Ayo kabeh ae, musibah iki didadekake bahan intropeksi diri, apa pancen selama iki awake dhewe wis akeh lali ngleksanakno ajarane agama, malah kepara wis ngingkari ajaran agama. Wong wis dadi kasunyatane, maksiat lan dosa wis kelakon ning endi-endi. Malah kanthi cara sing blak-blakan ora tedhing aling-aling. Kaya-kaya wis podho ora nduweni rasa isin.
Malah kepara, kanti nganggo kesombongan, kemunafikan lan rasa egois, wis nebar rasa iri dengki srei lan sak panunggalnae. Obong-obong lan upaya mecah belah keutuhane bangsa. Sakderma ngelengake, mulutmu adalah harimaumu. Eling, driji-drijimu iku isa dadi Surga, lan sewalike isa dadi Nerakamu.
Muga-muga wae, virus Corona enggal lunga, tanpa ninggal tatu sing jeru ing tengah-tengahe masyrakat. Panguripane manungso supaya engal normal. InsyaAllah awake dhewe isa dadi hambane Allah sing terus sabar ngadepi sakabehe pacoban. Uga isa bersyukur karo nikmat sing wis diparingake Gusti kang Akaryo Jagad.
Ayo para satriyo Jawa aja ngresula.Tetepa eling lah waspodo, madhep mantep – marang Gusti kang Moho Kuwoso. Sak beja-bejane wong kang urip ing jaman sing nyuwun sewu “Edan” iki, isih beja wong kang terus eling lan waspada. *