Titen Tipak Moh Rembug Manis

oleh -1506 Dilihat
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Isuk iku, ora beda kaya sabendinane, wayah jam 06.00 isuk, warung kopi mbah Temok wis rame. Sing teka wis langganan nganti apal ladenane. Sing jelas duwit telung ewu entuk kopi sak gelas karo gorengan rong iji .

Sing penting maneh iso ngobrol ngalor ngidul nganti jam- jam an suwene. Ngene iki pancen ngangeni. Dadi kegiatan wajib sak durunge mergawe liyane.

”Pilihan Bupati iki sakjane suk kapan mas Yo” pitakone Lik San ning mas Giyo sing lagi teka. Yen urusan politik mas Giyo pancen dianggep paling paham, soale sakliyane pengurus ranting salah sawijining partai deweke uga duwe kanca raket anggota DPR.

Baca Juga :  Anggaran Pembangunan Jalan di Blora Capai Rp 268 Miliar Lebih

Warga sekitar kono kerep jaluk tulung deweke kanggo nyampeke aspirasi. ”Pas e wulan opo aku durung ngerti tapi sing jelas taun iki,” Mas Giyo jawab karo nyambi nyumet udud sing lagi diunus soko bungkuse.

Jenenge wong akeh. Ono sing ketok ora seneng karo rembugan sing lagi dimulai . ”Omong soal liyane wae San, ojo bahas politik ” ujug-ujug ana sing nyela ning umyeke obrolan.

”Yo bener sing penting ngopeni awake dewe, noto ekonomi karo golek duwit gampang,” liyane numpangi tandane setuju karo usul iku mau.

”Ojo ngono,” Mas Giyo ketok nyendor ora trimo. Omonge luwih banter timbang liyane nganti wong sak warung meneng kabeh olehe umyek.

Baca Juga :  Demi Tercapaianya Target Binda Jateng Laksanakan Vaksinasi Door to Door

Tinggalkan Balasan