Titen Tipak Moh Rembug Manis

oleh -1491 Dilihat
oleh
Santoso Budi Susetyo S.Sos

Dening : Santoso Budi Susetyo S.Sos

SETENGAHE kamitenggengen, krungu rembuge wong-wong cilik sing wis dho umyeg perkara calonan Bupati. Jebul wis dho pinter olehi metani kahanan, mula kabeh dho nduwe tekad arep melu merjuangno calon Bupati sing tenanan mbelani rakyat cilik, sing ora sak karepe dewe, lan gelem ngrungokake aspirasine masyarakat.

BOBOTE kepengin dadi wakile rakyat sing amanah, isa murakabi karo wong-wong sing wis menehi kapitayan, kala-kala aku ngendangi warung kopine Mbah Temok, sing dadi panggonan wong cilik akeh ngudarasa babagan apa ae.

Kanthi cara ngono iku, aku isa ngerti lan krungu langsung, apa to sakjane apa sing dikarepno wong cilik ning “ngisoran”. ”Lumayan strategis nek dapur pengin ngerti apa lan kaya ngapa ombyake ning masyarakat tataran paling ngisor. Idhep-idhep nyaring aspirasi,” batinku.

Baca Juga :  Dalang Gebleg

Serodok kaget semune rodok mamitenggengen, isuk iku nalika aku marung ning Yu Temok. Jebul wong cilik ning padesan wis umyeg sakwise ana pengumuman sapa calone PDI ning calonan Bupati Blora 2020.

Kaget, jebul wong-wong wis dho pinter olehi metani kahanan. Intine, mengkone ora gampang kapilut perkara rembug manis, apa meneh iming-iming duit saka calon.

Sing dititeni ya tipak, utawa sikap sabendinane sakwenehe pawongan sing mengkone arep nyaon Bupati. Calon sing wis nduwe tipak, sing nduweni budi luhur, gelem ngrugokno omongane wong cilik, iku sing arep disengkuyung mengkone.

Baca Juga :  Pepeling

Tinggalkan Balasan