Dening : Daryanto
” OJO mburu ndonya, jalaran dohe urip lan mati kuwi mung sak nyari. Sakwise kuwi kabeh padha ketriwal. Bandha-donya kenane lunga, pangkat drajat kenane minggat ! ”
MINGGU isuk, tanggal lan wulane aku wis lali. Sing isih lengket ing pangileng – elingku tahune 2011. Wektu iku aku netepi timbalane Gusti Kang Akaryo Jagad, sowan ing tanah suci Mekkah- Madinah saperlu nindakake rukun lan wajibe Haji, jebul diwenehi PR pikir karo Gusti Kang Maha Agung.
Udan gerimis kang arang banget tumiba ing tlatah Madinah, isuk iku, nalika keprungu adzan Subuh, wis ngreceh nelesi bumi Madinah . Makgregah aku tangi banjur mbukak candela hotel. Kahanan njaba isih peteng, senajad hawane adem banget, nanging aku nekad njupuk wudhu terus dandan persiapan arep menyang Masjid e Kanjeng Nabi, ngawali Arbain.
Senajan Awak lungkrah sakwise nglakoni rukun lan wajibe Haji, ora ngurangi semangatku ngalap berkah, shalat berjamaah ing masjid Nabawi bareng imam rawatib akehe 40 waktu sholat wajib. Tetep semangat merga ngarep entuk fadhilah bebas saka api neraka, bebas saka adzab, lan bebas saka kemunafikan.
Udakara jam telu luwih seprapat, nalika siap-siap arep berangkat, dumadakan lawang kamar keprungu didodhog pawongan. ”Assalamualaikum, Kang. Wis tangi,” keprungu suara wong lanang, antep, ngemu perbawa.
”Waalaikumsalam. Sampun Bapak, sinten nggeh ?”
Gecak-gesok, lawang banjur tak bukak. Mak tratab atiku, nalika nyawang ana pawonge brengos ngadeg nggejejer ning ngarepku karo pulatane sing katon serius. Tak salami tangane kanti keket. ” Lho, kok Bapak. Wonten dhawuh?”
” Aku njaluk tulung ya Kang, piye carane iso bali ndisiki rombongan ? ”
” Mboten eman Pak, sampun dumugi mriki (Madinah) kok mboten ditutuge wolung dinten. Kersane tuntas anggenipun Arbain ?”
” Ora, iki urusan negara. Sakjane ya eman ! ” Semaure pawongan iku setengah ndereng.
” Enggeh, mangke sakrampungipun Subuhan, kula tak bidhal ngurus serat-seratipun.”
Pawongan iku banjur pamit, kanthi ninggal pesen supaya diuruske sing tenanan tenan layang-layange, kareben dheweke iso bali ndisiki rombongan jamaah liyane. Sak dalan-dalan tumuju Masjid Nabawi, batinku blas ora iso nampa karepe pawongan iku mau sing ndereng njaluk bali ndisiki rombongan. Ning batin mung ngedumel, ”Duh Gusti pacoban napa malih niki,” grenengku.
Bubar Subuh, aku ganti klambi, celana, terus ngibrit ngampiri petugas, sakperlu netepi wajib nguruske surat-surat kanggo pawongan sing wis nemoni aku isuk-isuk mau, sing kepengin bali ndisiki rombongan haji liyane.
Cukup ribet ngurus surat-surat kanggo jamaah haji sing kepengin bali ndisiki rombongan. Alhamdulilah, surat-surat kasil tak urus, lan pawongan iku akhire kelakon bali ndisiki rombongan jamaah liyane. Senajan nganggo pesawat reguler.
Aku dhewe ya alhamdulilah, Sholat wajib 40 rakaat ing Nabawi kanthi ora pedhot kasil tak lakoni. Pungkase terbang bali tanah air kanthi slamet ora ana alangan sawiji apa.
Sakwise 40 dina ninggal anak bojo, seminggu utoh aku kumpul karo keluarga. Sakwise kuwi nggolek sisik melik babagan ana apa kok pawongan sing ndereng njaluk bali ndisiki rombongan saka Madinah. Ora lega yen durung ngerti sing sakbenere.
Wis ora ketung meneh wong sing tak temoni kanggo nggolek informasi. Termasuk pawongan sing jenenge Hendardi, kanca lara lapa wiwit dheweke isih sadi pegawai staf, nganti saiki dadi pejabat penting.
“Mas Hendardi, sakjane ana apa to kok wingenane Bapake ndereng nyuwun bali ndisik nalika nindakake Haji. Kamangka eman-eman lho, mumpung ning Madinah kudune nglakoni sholat Arbain. Paling sithik wolung ndina ning Madinah, kok ujug-ujug nyuwun bali ndisik ? ”
” Mosok durung ngerti ? Apa kura-kura dalam perahu ?”
” Ya Allah, sumpah, aku durung reti. Wong nalika njaluk tulung aku supaya nguruske surat-surat kanggo bali ndisik, ngendikane ana urusan negara penting.”
Mak gragap bareng aku dibocori karo Mas Hendardi, kena ngapa pawongan sing nyuwun bali ndisiki rombongan jamaah haji liyane iku. Jebul urusan ndonya sing mungguhe aku eman banget, merga urusan ndonya, pawongan iku nekad ora nglakoni Arbain ing Madinah. Ndereng njaluk bali ndisik
” Ya nek eman sakjane eman, Mas. Tapi wong kebangeten kok sing marahi penggalihe Bapake kobong, mula ndereng njaluk bali ndisik. ”
“Lha mosok Bapake dicolong laku perkara mindahi pejabat iku leh Pak Hendar ?” Pitakonku setengah ndhedes
” Kabare ngono. Malah kabare ugo perkara proyek ta apa mono kok, Mas.”
Aku mung iso meneng. Kepengin nerang sing akeh-akeh aku ora wani. Tutukku kaya dikunci, ilatku abot banget arep ngucap. Ning batin mung iso ngucap, kok ya ana-ana ae kedadeyan ing ndonya iki. Mula benar ujare kandha, punjere ribut ing ndonya iku mung telung perkara, yaiku harta, tahta lan wanodyo.
Kedadeyane wis mungkur telulas tahun kepungkur. Nanging kanggoku ora bakal iso kebusak saka angenku. Apa meneh bareng ngerteni kahanan sing sakbenere. Saiki mung iso takon ing batin, lelakon Telulas Tahun kepungkur ngono ku mau, sing salah sapa, lan sing nanggung doso sapa ? Angel njawab pitakonan iki, jalaran perkara duso mono sing reti ya Mung Gusti Kang Akaryo Jagad.
Bener lan bakal tak eling-eling pituture mbah buyut sengen. Le… ojo mburu ndonya, jalaran dohe urip lan mati kuwi mung sak nyari. Sakwise kuwi kabeh padha ketriwal. Bandha-donya kenane lunga, pangkat drajat kenane minggat! Anak, bojo, kadang-kinasih, sedulur sinara-wedi bakal ngoncati. Tibane mung gari roh sing arep nyawiji marang Gusti. ***