”Iku Lik Jo, Lex, Lik Man, nek nganggo rumus politik, 5 + 7 + 2 + 1 + 3 + 2 ketemune ora 20, nanging gunggunge mok siji. Sakjane yo isa ae loro, nanging luwih cenderung siji. Wong nek ketemune loro, kok serodok abot menawa dideleng soko tokoh-tokoh sing ana,” terange Singo.
”Lha nek ana pertanyaan 25 karo 20 iku akeh ndi, Min ? Pitakone Man Othok sing wis mudheng karo rembuge Singo.
”Yo kari ndeleng leh, Lik,” Singo langsung nyaut. Isa ae mengkone akeh 25, tapi sewalike yo malah isa akeh sing 20. Kabeh mau didelok sapa sing diusung 20. ”Nek ramalanku, iku mung ramalan lho Lik, angger ana salah siji keluarga “Pendapa” sing melu ning rombongan angka 20 iku, yo mengko bakal dedrek “tarunge”.
”Tapi yo ngene Min, pesenku” Jo Gowang sing ket awal mung monthak manthuk ora melu omongan, nyrambul. Sapa ae sing maju ning pilihan Bupati, ora usah dho tukaran, luwih-luwih pendukunge.
Tur meneh sakjane won cilik saiki yo wis dho pinter kok. Iso ninting-ninting sapa sing apik lan sapa sing ora patio apik. Termasuk sapa sing ala. Kabeh iku karek tandurane. Sing jelas kaya-kayane tahun 2020 iki wong isih dho etung-etung, becik nganggo klambi lawas tinimbang nganyari klambi.
Nganyari klambi resikone, ukurane ora pas. Nek dienggo isa keloboken utawa kegedhen, malah-malah nek dienggo ora marahi mantesi. Wagu. Dene nek klambi lawas, masiyo rupane wis ogak cemlorot neh, tapi ukurane dijamin pas. Dienggo yo pantes.
”Padune kowe nduwe jago leh, Lik Jo. Kok nyebut becik nganggo klambi lawas,” Singo nyenggaki semuni nudhuh.
Disenggaki sing arahe nudhuh, Jo Gowang entek kesabarane, muni wani sumpang “Njangjang” nek dheweke nduwe calon.
Diterangno, perkara dhumukan klambi lawas iku isa ae nyangkut wong akeh. Ora kudu wong sing saiki njabat. Nanging pawongan sing nduwe pengaruh. Termasuk dulure wong sing njabat, malah isa ae wong sing rumangsa wis pernah nduwe andhil nata mBlora. *)