Ojo Ngidoni Srengenge

oleh -2623 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

”Lha sing ngudokno sapa ? Apa yo kleru nek Parpol nggolek aman ? Misale ora entuk nggolek aman, terus nek ana njekenthange apa yo gelem dho nulungi ? Apa meneh wong yo urung karuwan calon tunggal ae,” rembuge Lik Di serodok sengol karo nglungani.

Sak ungkure Lik Di, gentenan Min Nggambleh nyedaki Jo Gowang menehi pitutur. ”Ngene lo Jo, ora usah dho ngotot-ngototan. Ameh calon tunggal apa rong pasang, telung pasang, sing penting suk pemimpine Mblora 2021 iku pemimpin sing iso nguripi rakyat sakabehane.”

Masiyo sakjane antarane tembung nguripi lan mateni iku yo tipis banget watese. Umpamane, pemimpin iku mau sekawit pengin nguripi, nangin sisip sembire ana kurang begjane, malah mung gawe pepati. Mula, sakabehing pecak, sakehing tumindak pemimpin kudu linakonan kanthi kebak ing pangati-ati. Luwih-luwih nalika sing diayomi iku nduwe bibit dadi mungsuh munggwing cangklakan.

Baca Juga :  Ngopi Penuh Makna, Kenapa Tidak ?

Bupatine suk tahun 2021 kudu isa dadi panguwasa sing ngayomi, Min Nggambleh mbacutno tutur. Kudune ora mung bisa mithes marang sing wis ringkih, lan ora mung nguripi sing wis katon urip lan ngrembaka. Nanging, panguwasa kudu gelem ngopeni apa utawa sapa wae. Pancen ora gampang. Angel ! Apa maneh yen kabeh-kabeh sing dipimpin padha rebut bener, padha rebut eksis.

”Mboh Min, malah bileng sirahku ngrungokno omonganem. Wit gedhang woh pakel ! Gari mengkone piye didelok ae,” semaure Jo Gowang akro nyekeli bathuk. (*)

Tinggalkan Balasan