Ojo Ngidoni Srengenge

oleh -2519 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Kudune, nek ancen lantip pemikirane, Jo Gowang yo kudu isa maca tanpa tulisan. Tegese, ora usah ndadak dijlentrehno sapa sing dimaksud srengenge yo wis mudeng.

”Mboh Jo, kok bileng sirahku malah kok oyak pitakonan terus. Pokoke yo iku maeng, kira-kiraku sakwenehe “penggedhe” parpol sing nduwe athikan calon tunggal, ncen ora pengin nyebul srengenge. Wedi nek nganti nyebul srengenge terus mblidhoh lambene.

Ora Percaya

Merga ora mudheng karo crita sanepan sing dikandhakno Lik Di, Jo Gowang tetep mekengkeng ora percaya menawa iso kasil olehe dho athik-athik munculna calon tunggal. Yakin seratus persen, tetep ana lawan mengkone.

Jo Gowang sing pangsiunan pegawai samarintah yakin menawa athikan arep nggawe calon tunggal iku mau tetep angel kaleksanan. Ibarat ora gampang kaya nggledhakno tangan leh. Akeh sing ogak setuju lan bakal ana sing nglawan.

Baca Juga :  Dalang Gebleg

Wong yo wis kedadeyan, penggedhe parpol “dienteki”, dionek-onekno entek ngamek karo wong mberah nalika ngomong melu ndalangi utawa melu dadi sutradara, melu anut grubyug setuju calon tunggal. Jan ngeri tenan kae wong-wong matoh olehe dho maido.

”Nek aku pokoke ogak percaya Di ! Apa yo mungkin calon tunggal. Ngene iki wis lagu lama kok. Eling pora, tahun 2015 yo pernah ana kedadeyan ngono iku, kabar menawa ana calon potensial sing bakal ora kumanan kreta wis nyebar tekan endi-endi, tibake mak bendunduk ya uman kreta. Pokoke Mbil,” rembuge Jo Gowang setengah ngece karo teorine Li Di sing dianggep ngoyoworo.

”Yo Jo, kawit awal aku yo wis ngomong, bebas menawa ora percaya. Iku ya sah kok wong yo hak. Urip iku pilihan, angger janjine ora maido wong ae. Soale wong liya yo nduwe hak milih dalan uripe dhewe-dhewe,” Lik Di tetep sabar ngadepi jo Gowang.

Baca Juga :  Dibawah Bayang-Bayang Kutukan Sukrasana

Tinggalkan Balasan