Ojo Ngidoni Srengenge

oleh -2504 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

IKI mono mung tembung samudono. Nek nganti wani ngidoni srengenge, ibarat podho ae wani nglawan panguwoso. Mula kena dipestheke bakal kelara-lara uripe. Malah nek kurang bejane sing nyonggo kelara-lara urip ning ndonya iku maeng nganti tekan sak anak putune.

SEPISANAN krungu weling “ojo ngidoni srengenge”, Lik Di kemekelen. Ning batin mbayangno sing jengene srengenge iku wis mesthi panuse ora mekakat, kira-kira panuse isa nganti ping satuse wowo geni mongah-mongah. Kok arep diidoni, lha rak sido Ndomble. Malah ora trima judhir lambene, nanging kepara mati gosong sak awak-awake.

Nadyan kemekelen, Lik Di sakjane yo mudheng kok, menawa weling sing disampekno pawongan sin kegolong winasis sing kaya ngono iku mung samudono, utawa nggambarno sapa ae ojo pisan-pisan wani karo panguwasa (srengenge).

Nek nganti wani ngidoni srengenge, ibarat podho ae wani nglawan panguwoso, kena dipestheke bakal kelara-lara uripe. Malah nek kurang bejane sing nyonggo kelara-lara urip ning ndonya iku maeng nganti tekan sak anak putune.

Baca Juga :  172 Calon Anggota PPK Lolos Test Tertulis

”Nek aku yo wani Di, wong yo wis biasa catho-catho olehku nggolek pangan ae. Wis wani urip ndara ya wani resiko, dene nek wis ora wani resiko yo matio,” saurane Jo Gowang, kanca rakete lan biasa ngopi bareng ning warunge Yu Darmi

”Bebas ncen Min. Iku ya sah kok wong yo hak. Urip mono ncen kudu nduwe pilihan. Angger janjine ora maido wong ae, soale wong liya yo nduwe hak milih dalan uripe dhewe-dhewe. Wong maido iku biasane ora mudheng karo panguripane wong liya. Pokoke intine ojo madhakno ukuran klambine dhewe karo ukuran klambine wong liya.”

Baca Juga :  Bawaslu Gandeng Badan Kesbangpol akan Gencarkan Pendidikan Politik Masyarakat.

”Kowe ameh ngomong apa eh Di ? Kok mbulet kaya keluk ae !” Jo Gowang mbentelno Lik Di.

Tinggalkan Balasan