Nggambleh

oleh -2149 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Lik Di mbatin setengah gumun karo karepe Min Nggambleh. Wong jare ora mikir kok malah nggolek sisik melik wong sing dho “kampanye peteng” iku maeng. Kudune nek ncen lantip pikire, ora usah grayang-grayang ndara wis iso ndumuk sapa sakjane wong-wong kongkonan iku maeng. Mala Nek kena didumuk ana telung golongan wong kongkonan iku.

Golongan nomer siji, wong sing selama iki wis nyecep legine madu (pejabat, swasta, wong biasa). Wong sing klebu golongan iki, merga wedi kelangan legine “madu”, ora usah dikongkon yo wis langsung siap graak, nggambleh, tundone supaya ora kelangan sing nduwe tala isi madu iku maeng.

Golongan sing nomer loro, wong sing selama iki tirakat merga kesingkir, malah kepara ora dianggep olehe urip ning ndonya. Golongan iki ya iso pejabat, swasta, termasuk gogol utawa rakyat biasa.

Baca Juga :  Satria Leader Award Bidang Pembangunan dan Pertanian Organik Untuk Bupati Arief Rohman

Ora ana sing mrentah, merga kegawa gelane ati, mbuh sak iso-isane, wong sing termasuk golongan nomer loro iki mbengok ngetokno isen-isen atine. Merga rumangsa ora dikanggokno, mbengoke yo gak nduwe tengah pinggir. Pokoke mbengok sak kayange.

Dene sing golongan nomer telu, wong sing selama iki urung pernah melu nyecep madu lan uga wong sing ora pernah rumangsa ogak keduman madu. Nanging wong kang murni nyawang kesemena-menaan, melu ngrasakno kahanan sing ora adil, melu nyawang tingkahe wong sing dho nggunakno aji mumpung, adigang adigung adiguno.

Baca Juga :  Dalang Gebleg

Tinggalkan Balasan