Musoh Bumbung Kosong ?

oleh
oleh
Iluustrasi/dok
Bupati & Wabup

Ning aturane, calon tunggal ugo dientukno kanthi catetan, sakjane ana luwih siji calon sing ndaftar, nanging dinyatake ogak memenuhi syarat, terus akhire calone tunggal. Ketentuan iki diatur ndok Pasal 54C ayat (1) UU No. 10 tahun 2016.

Ndok UU Pilkada sing sakiki, wis njelasno soal anane calon tunggal. UU Pilkada sing wis disempurnakno iku maeng ngatur metode pemilihan bumbung kosong, yoiku, ndok surat suara mung ana rong kolom. Siji kanggo pasangan calon tunggal dilengkapi foto, dene kolom sing keloro digawe kosong.

Bupati Blora

Perkara aturan maine, manut UU Pilkada No. 10 tahun 2016, calon tunggal dinyatake menang menawa entuk suara luwih soko 50 persen saka suara sah. Nanging, menawa kurang 50 persen seko suara sing sah, mengkone sing menang kolom utawa bumbung kosong.

Baca Juga :  Mugo Iso Dadi Dalane Kamulyan Kahanan ing Tahun Kembar (2020) Iki

”Alah Jo ngimpi ae kok digagas. Karek mengkone piye, wong nyatane akeh wong matoh ning Mblora blas gak yakin nek Pilkada Mblora suk calone tunggal sing arep musoh bumbung kosong,” tanggapane Min Nggambleh karo nglungani. (*Red)

Tinggalkan Balasan