Musoh Bumbung Kosong ?

oleh -2725 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Soko 101 daerah sing arep nggelar pilkada serentak iku maeng, ana sangang daerah sing mung nduweni siji pasangan calon, utawa calone tunggal. Yaiku, Kota Tebing Tinggi, Kabupaten Tulang Bawang Barat, Kabupaten Pati, Kabupaten Landak, Kabupaten Buton, Kabupaten Maluku Tengah, Kota Jayapura, Kabupaten Tambrauw lan Kota Sorong.

”Kowe iki nggleleng piye Jo ? Kok ket mau ngowoh karo cekelan bathuk,” cluluke Min Nggambleh karo nggebug gegere Jo Gowang.

”Ora, iku maeng lho ngimpine Lik Di, ndak mosok mengkone arep kelakon calonan ning Mblora calone tunggal, alias musuh bumbung kosong?”

Krungu jawabane Jo Gowang sing kaya ngono iku, Min Nggambleh, macak kaya dosen sing agek menehi kuliah mahasiswane. Dowu olehe njelasno.

Baca Juga :  Kapolres Blora Jenguk dan Serahkan Bantuan Korban Kebakaran Kradenan

Dikandakno, perkara apa mungkin suk calonan ning mBlora calone mung sak pasang, iso kelakon lan sewalike yo iso ae ora. Dene kok kelakon calonan mung sak pasang, nek ditlesik, kira-kira akeh sebab musababe.

Kaya to, pawongan utowo kelompok wong sing berhubungan langsung karo calonan, ngetung nek calon tunggal ongkose wis mesthi luwih murah. Beda nek calone luwih soko sak pasang, mesthi butoh duik sing mberahe ora mekakat.

Tinggalkan Balasan