PAREG isuk, Lik Di ngimpi dijak wong nganggo sandangan sarwo putih mlaku-mlaku ning Pati. Kelingan pesene wong-wong sengen, ati-ati nek ngimpi pareg isuk, kabeh kedadeyan sing ana alame ngimpi bakal kedadeyan ning alame kasunyatan.
WIS pirang-pirang ndina Lik Di polatane blas ogak semringah. Ngowah-ngowoh. Ngakune merga kebayang ngimpine ndek Malem Selasa Pon sing serodok nyolowadi. Tenguk-tenguk ning omah ogak krasan, saba warung kopi yo blingsatan. Dlongap-dlongop, gak semanak blas pokoke.
Ndelok polatane Lik Di sing peteng ngono iku, konco-kancane marung, Jo Gowang, Min Bathok, Min Nggambleh, manek-manekno takok, ”sakjane ana apa leh Di, kok ketoke raiem peteng ? Ditagih utang wong apa ana apa,” Jo Gowang ngawiti takok.
Karo gragapan, Lik Di mesem setengah kepekso. Sakjane abot, naging akhire dheke nekad crita menawa ndek Senin Pahing malem Selasa Pon ngimpi serodok aneh. Dikandhakno, ora ngerti sangkan paraning ujug-ujug diparani wong gedhe duwur, gantheng, penyandange sarwo putih.
”Praenane wong sing marani aku ning ngimpi iku Jo, ketok resik, semringah. Sing serodok marahi kepikiran, wong iku maeng ngajak aku lungo Pati, mlaku-mlaku perlu ndudohake kahanan kutho Pati sing ketok apik, maju pembangunane. Pejabate yo dho rukun ora dho dikut-sikutan, gogole yo dho ayem kabeh.”
”Wong ngimpi ko mbok gagas Di ? Olehem ngimpi jam pira,” pitakone Jo Gowang.
”Antarane jam-jam setengah papat esuk. Wong naliko semono aku nglilir terus ogak iso turu nganti byar,” Lik Di njelasno.