Mugo Iso Dadi Dalane Kamulyan Kahanan ing Tahun Kembar (2020) Iki

oleh -17728 Dilihat
oleh
Illustrasi/Istimewa

Sakliyane kuwi, gelem ora gelem, langsung ora langsung, menehi penyadaran kanggo kabeh wong, babagan pentinge njaga kesehatan, kebersihan diri lan lingkungan. Malah nek gelem nggagas, merga disaranake tenguk-tenguk ana omah, kabeh mau isa kanggo sarana kanggo kaya ngapa nikmate urip karo keluarga ing omah.

Kajaba saka iku, awake dhewe uga dielengake babagan njaga karesikane awak, nggrengsengake budaya wisuh tangan lan njaga karesikane lingkungan.

Ora jeneng nggurui. Kanthi sinau, makaryo lan ngibadah ing omah, kena kanggo sarana menehi peluang luwih akeh, ngentekno wektu kanggo berbuat hal-hal sing positif bareng keluarga. Muga-muga kabeh mau bener-bener iso nggugah rasa babagan Rumahku Surgaku (Baiti Jannati).

Baca Juga :  Kenapa Tidak Sekalian Terapkan Aplikasi Pelayanan Publik ?

Hikmah sing ora kalah pentinge, yaiku babagan keimanane kita nembe bener-bener diuji kanthi tekane musibah virus Corona iki. Muga-muga wae awake dhewe, memaknai musibah iki abeh, minangka wujude Gusti Allah nguji kwalitas keimanan lan ketaqwaane kita kabeh.

Mula ayo, kabeh kahanan sing ana ing wektu iki kita tampa lan adepi kanti kebak keimanan, kesabaran, kajaba kudu ikhtiar kanthi maksimal, tundhone, nganti ing titi mangsane mengko bakal kerasa indah lan damai.

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.