Dening : Daryanto
STRES berat. Iku mbok menawa ujare tembung wong-wong saiki. Aku dhewe gumun karo wong-wong saiki sing tumindak ora nganggo petung. Mikire mengko nek dadi anggota DPR uripe bakal mobra mubru, kecukupan sakberengdengahe. Luwih-luwih bakal keangkat drajate.
Klebu Kang Parno, kancaku blengket sing sesasi kepungkur iki saben dina ndleming turut-turut ndalan. Malah kepara ngisin-ngisini, kalamangsa lali ora nganggo klambi, kathok. Turut-turut ndalan mung nganggo pakaian dalem.
Kamongko sakdurunge, Kang Parno mono klebu wong kang lugu, ora neka-neka. Masiyo mergawe arang kadang, njagakke nek ana proyek cilik-cilikan, uripe kalebu prasojo. Senadyan ora mubru.
“Jan mesake bojone kula, Mas. Piyambake kados sampun lali samubarange. Sabendinten ndleming turut-turut ndalan. Malah kalamangsane damel lingsem tiyang-tiyang setri menawi mrangguli Kang Parno turut-turut ndalan mboten ngagem rasukan. Namung ngagem pakaian dalem,’’ kandhane Yu Lastri, bojone Kang Parno, semune isin.
“Lajeng lare-lare pripun Yu?”
“Hla niku sing kula malah melu-melu stres, mboten saged mikir blas. Hla pripun, lare-lare saben dinten diuring-uring tanpa sebab. Menawi kula penggak mboten usah medal nggriya, Kang Parno semune nesu, lajeng mbantingi barang-barang ingkang wonten ndalem.’’
‘’Hla napa mboten dipados-padosake omben-omben, kersane adem pikire ?’’
‘’Sampun, nanging nggih tetep ajeg mawon. Mboten wonten kaceke blas.’’
Tekan kene, atiku temlawung, kelingan kedadeyan telung wulan kepungkur. Wektu iku Kang Parno dolan omah sing perlune njaluk pangestu arep melu nyaleg. Kaya ora karepe dhewe, pake Esti Karo Nanang iku, rumangsaku kok nggege mangsa. Wong dapur lagi arep nyalon ae tembunge wis kumalungkung.
Aku sing tetep istiqomah dadi wartawan, merga iku ancen penggautan sing wis tak lakoni ameh setengah abad, mesthine luwih paham karo kahanan njaba, termasuk babagan politik, pencalegan, senajan yo ora prigel nemen-nemen, malah diguroni ngalor ngidul. Kaya-kaya wis barang mesthi.
‘’Wis ah, mengko nek aku wis dadi awakem ndara melu mulyo leh, Kang. Paling ora perkara pokir, aspirasi awakem tak bagehi sithik-sithik,’’ kandane Parno kaya-kaya barang mesthi, nek awake nyalon DPR satus persen kelakon dadi.
Akeh-akeh olehku ngandhani, nanging kaya njaring angin. Wong ketoke Parno yo wis kerasukan omongane wong. Mbuh wong seko endi. Nalika pamitan, tetep tak dongake apik, mugo-mugo kasembadan apa sing di sedya. Senajan ning njero ati sing paling jeru, aku pesimis.
Tekane titi mangsa, jebul aku dicurhati Lastri, pawongan wadon sing dirabi Parno nganti nungkulke anak loro, Esti Karo Nanang. Ora nyongko babar blas, merga gagal nyaleg, Parno saiki sters, turut-turut ndalan, ndleming ora karuan parane.
Aku yo mung isa dheleg-dheleg, ora iso rembugan babar blas. Ning batin mung isa muni, munggo mbiyen Parno gelem nggugu omonganku mbok menawa ora ngene kedadeyane.
***
Ayem atiku, Sabtu Pon, isuk-isuk udakara jam sanganan, nalika aku nembe resik-resik suket ndok latar, ana wong uluk salam, ‘’Assalamualaikum…..’’
Tak setitekna jebul Kang Parno. Gancangan tak bageke, tak jak njagong ndok teras omah. Mbatin, wis waras iki, wong sandang anggone ya becik. Mung ketok kuru, karo praupane pucet.
‘’Piye kabarmu, Kang ? Lak ya podo apik kabeh ? Piye kabare anak bojomu ?,’’ pitakonku nrithik.
‘’Lang Kang, sing penting podo waras. Kabeh ancen lagi dadi lakon,’’ semaure karo pulatan sing serius.
‘’Iyo. Awake dhewe iku lak sakdermo wayang. Dene cita-citamu sing kepengin dari DPR ora keturutan, mbok menawa pestine Gusti kaya ngono iku. Kabeh ana, hikmahe,’’ akeh-akeh aku nuturi, tanpa wani nggepok perkara nalika dheweke stres, turut-turut ndalan ndleming ora karuan parane.
‘’Ya Kang, wong keduwung iku pancen tibane mburi. Mbiyen aku nggugu omonganmu ya ora ngene iki kedadeyane. Tapi mbok menawa kudu ngene lakon uripku.’’
“Sabar Kang Parno, sedhela maneh njenengan bakal entuk ijole saka Gusti sing paling apik. Mula suk nek ameh tumindhak kudu dipikir kanthi mateng. Luwih-luwih yen penggalihe lagi mangkel, kesengkelan, ojo dipikir jero. Mundhak Ndadekake kahanan sing malah ora nggenah.’’
‘’Iyo, Kang, saiki wis bubrah sakabehane. Bojoku yo minggat katut lanangan, malah aku ditinggali anak loro. Rasane kudu mati ae. Nyawang apa ae semrepet kabeh,’’ tembung Kang Parno.
Tak sawang ana eluh bening mili saka mripate. Kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga krungu tembunge Kang Parno iku. Jebul Lastri, bojone nekad mblayu katut wong lanang liya, mrangguli Kang Parno stres. Ora ngira babar blas nek kedadeyane nganti parah kaya ngono. Gara-gara nekad nyaleg ae, bandha donya ludhes, bale pomah e ya ludhes.
‘’Lha omah lak ora nganti kadol to,Kang ?’’ pitakonku tak tatag-tatagke.
‘’Kabeh ludhes Kang. Iki aku mulih ning Simbokku karo bocah-bocah. Layang rapak yo wis tak tampa. Aku nrima kok Kang, la piye kabeh wis kebacut.’’
Nutuge rembug, Kang Parno ngaku, sak brabatan yo kudu emosi. Nanging wusana pikirane digelar digulung, ngapa kudu emosi lan sedhih? Wong mbiyen nalika lahir, awake ora disampiri sandangan sak lembar, dene saiki kudu miwiti urip seko nol, yo arep dilakoni.
Gandeng suwasono wis mulai cair, akeh-akeh olehku nyeramahi Kang Parno. Tak kandhake, menawa pungkasan sing duwur iku kawitane soko endhek. Ora ana, wong nyebar winih langsung thukul wit sing dhuwur. Barang mokal.
Gusti Kang Akaryo jagad, ndadekake samubarang ning alam padang iki kabeh kanti proses. ‘’Yo Iku mau, awake dhewe iki nyebar wineh, diwiwiti thukul wit cilik tur cendhek. Nglewati proses, wit mau thukul dadi duwur. Sakmono ugo, ora ana ujug-ujug iso dadi DPR tanpa ngliwati dadi anggota uwawa pengurus politik.’’
Awake dhewe dadi wong tuwa kaya saiki iki, dikawiti saka bayi sing dhuwure mung udakara puluhan centimeter. Sawise ngliwati proses, dadi dewasa sing dhuwure ngluwihi seko 150 cCm.
Awake dewe, sekolah mulai dari SD utawa TK, meneh-meneh kanti ngliwati proses lulus S1, S2, dan S3, malah sebagian ada sing dadi profesor lan sakpanunggalane.
Sakwenehe pawongan sing nglungguhi drajat sing dhuwur, biasane ngliwati ujian penataran, utawa pendidikan lan sakpanunggalane. Kabeh mau nggambarkae menawa, arep dadi “wong” kudu ngliwati proses. Ora ana kok ujug-ujug. Sukses mono kudu dikawiti seka langkah kawitan. Yo tekun, yo prihatin.
Sepisan meneh, kebeh mono ora ana sing ujug-ujug. Termasuk babagan nyalon DPR. Yen mung kebrongot omongane liyan, anut umbayke kahanan, mengkone bakal nemoni kahanan sing nggetunake. Kamongko, getun mono tekane utawa tibane mburi.
‘’ Kira-kira isih kepengin langsung ning ndhuwur tanpa mulai seko ngisor, Kang?’’
Karo unjal ambegan, Kang Parno mbenerke omonganku sing dawa-dawa iku mau. ‘’Iyo bener. Muga-muga, kabeh lakonku iki kena nggo kaca brenggala kanca-kanca ya Kang, Wis ah aku tak njaluk pamit, iku mau bocah-bocah, titip rujak e. Selak kawanen mengko.’’
Tak tatag-tatagke, aku nampa salam pamitane kang Parno, karo ulat tak padang-padangke. Ning batin, aku mung iso ngresulo, kok ya eman lan kudu ngono lakone kancaku. Merga kepincut barang sing melok, saiki uripe kedlarang-dlarang. Bandhane ludes, kepara isih nduwe utang sak gunung. Sing luwih gawe perihe ati, bojone uga minggat katut pawongan lanang liya. (Cuthel)