Gatotkaca kasil gugur. Sega wis dadi bubur. Patine Gatutkaca akhire ndadekake Karna getun destun. Jalaran wis ora nduwe meneh gaman utawa jimat sing sekti. Terus piye mbesuke menawa arep perang ngadhepi Harjuna.
”Wong lakon wayang kok mbok padhakno kahanan nyata leh Min,” pitakone Lik Di njugarno ngalamune Min Singa.
”Sing Madhakno yo sapa, Di. Wong aku ki ya mok dhapur kuatir, terus kelingan crita wayang. Perkara kok ana sing entho-entho terus dijumbuhno karo lelakon sing ana ning mBlora wektu iki, yo terserah. Bebas,” saurane Min Singo sak kecekele.
”Iki nek aku lho Min. Sakumpama aku sing ndhalang, lakone ora “Gathutkaca Gugur”, nanging tak gawe ”Gathutkaca Mbalela”,” Lik Di ngguyoni.
”Lha terus, babare lakon Gathutkaca Mbalela iku mengko piye, Di?” Min Singa ketok semangat karo entho-enthone Lik Di iku mau. Ilang saknalika, rasa kuatire.
Cekak aos, Lik Di banjur crita ringkesane lakon, “Gathutkaca Mbalela” iku mau. Diawali saka Bima utawa Werkudara sing arep undur keprabon, kekudangane, arep-arepane, ya ana anak lanang (dulur kandunge Gathutkaca) sing minangka putra mahkota, gelem madeg senapati, sakperlu “ngrebut” dampar kencana. Dadi Raja.
Meneh-meneh, menungsa mung diwenangake mbudi daya, dene perkara pepesthen mono sin nemtokake Gusti Kang Akarya Jagad. Usike Gusti, putra mahkota ora gelem mangkat dadi raja. Lan iki sing marahi Werkudara goreh pikire. Arep ngejoke kang garwa, Dewi Arimbi, ketone ya akeh perkara sing angel tinemune.