“Gathutkaca” Budhal Perang Tahun Iki ?

oleh -4664 Dilihat
oleh
Iluustrasi/dok

Dening : Daryanto

KAHANAN mBlora umyege ora mekakat. Sing paling gres, bakal arep ana sing nandhingi jagone PDIP ning pilihan Bupati mBlora mengkone. Arep-arepane wong akeh, ojo nganti sosok sing digambarake Gatutkaca dipeksa dadi senapati. Kuatire, ibarat woh-wohan mengkone bakal mateng krengga.

JAGADE politik mBlora akhir-akhir iki, masiyo ketoke adhem tatakan genuk, nanging nek gelem dho nggagas sing jeru, sakjane kahanan sing ana, kosok walike. Ibarat geni mono, panase mongah-mongah. Malah kepara ana gandha sing ora enak. Wis ana gandha lan sasmita, ketoke wis dho tegel karo patine liyan.

Ora ana sing disalahno pancen. Wong kabeh mau ya kahanan. Obah musike kahanan mono, ora ana manungsa sing bakal isa ngowah. Jalaran iku wis dadi hak preogratif e Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ana paribasan, menungsa mono mung diwenangno mbudi daya, dene pepesthen mono sing nemtokno Gusti kang Akaryo Jagad.

Baca Juga :  Mencari 5 Terbaik di Masing-Masing Kecamatan Untuk PPK

”Perpolitikan kok ketoke dho adem tatakan genuk ya, Di ?” pitakone Min Singo, karo nyruput kopi ning Warunge Yu Tik. Dikandhakno, sakwise rekomendasi PDIP mudhun, urung ana slamur-slamur calon sapa sing arep nandhingi.

”Jarene sapa leh Min ! Wong kahanan umyege ora mekakat ngene kok,” saurane Lik Di, karo ngyakinake menawa bakal arep ana sing nandhingi jagone PDIP ning pilihan Bupati mBlora mengkone.

Tinggalkan Balasan