Diwedeni Gendruwo Sadang, Dirigene “Mbepuk” Lur

oleh -824 Dilihat
oleh
Foto : dok

” KAHANAN ning mBlora wektu iki kaya-kaya ana kesan urung temata. Kudune Dirigen ASN ning mBlora wektu iki iku wong sing jadug samaladug, mumpuni, tapi kok kaya-kaya terkesan “mbepuk”. Kudune kanthi di Dirigeni sing mumpuni ngono iku, kabeh ASN sing ana isa diarahno “nyanyi” Pok Keroncong. Kok kenyataane malah musike sak parak-parak. Ana sing dho ndangdutan, rock, seriosa, campur sarinan, jaz, regea. ” 

KARO thenger-tenger Paiman nggremeng nek agek puteg merga ngrasake kahanan pertunjukan “Orkestra” ning mBlora.  Lha gene ora puteg, kudune sakwise Pilkada pentas Orkestra ning mBlora, lagune Pop Keroncong sing enak nek dirungkoke nggo mat-matan, lha pentase ning panggung kok malah ana sing ndangdutan, rock, seriosa, campur sarinan.

‘’Karek Dirigene leh, Man ! Nek prigel, wong jenengen Dirigen utawa konduktor mono pawongan sing mimpin anane pertunjukan musik kanthi gerak lan isyarat, ndara Orkestra lan paduan suara ning mBlora lagune rancak lan iramane Pop Kerocong,’’ Min Singo nyaranke.

Masiyo ora wangsulan, najan mung mbatin Paiman setuju karo pendapate Min Singo. Mung dheweke ya isih bingung, kudune Dirigen ASN ning mBlora wektu iki iku wong sing jadug samaladug, mumpuni, tapi kok kaya-kaya terkesan mbepuk.

Buktine, kudune kanthi di Dirigeni kabeh ASN sing ana isa diarahno “nyanyi” Pok Keroncong, kok kenyataane malah musike sak parak-parak. Ana sing dho ndangdutan, rock, seriosa, campur sarinan, jaz, regea.  

‘’Lha thek nganuleh Min, wong Dirigene wong matoh, mumpuni, mimpin pertunjukan orkestra, sing kudune lagune Pop Keroncong, malah dadine sak parak-parak. Ana kesan kok dho sak karepe dhewe ?’’ Paiman  tetep bingung.

‘’Lha marai Dirigene diwedeni Gendruwo Sadang kok, Man Paiman. Eling pora omongane Mbah-Mbah sengen, nek memedi sing jenenge Gendruwo Sadang mono nggegirisi!’’

Maksude, Min Singo mbacutno rembug,  sakjane memedi sing diarani  genderuwo iku senengane dolanan daripada menyakiti. Senengane ngerjani, kaya nepuk bokonge wong wedok (terutama nalika sembahyang), mbuwaki sandangane wong ning kali, mbalangi gendhenge omahe wong karo watu. Mlumpat ko wit gek dhe ning kuburan karo bentuk gedhe lan ireng.

Baca Juga :  Baru Nyadar Pentingnya Lembaga Sekolah

Ngono iku jenenge pokilan ala Gendruwo. Pokilan sing pinter memengaruhi wong, blas ora nganggo etika lan sopan santun. Isine politik sing medeni, nggawe serba ora pasti, lan ndadekake propaganda ASN ragu-ragu.

“Cara-cara sing ngono iku pokilane Gendruwo sing ora nduwe etika. Mosok,  Dirigen ASN, wong-wong kang kalebu ASN pimpinan, sing iku kabeh kancane dhewe, digawe keweden ? Ora bener lan ora pener khan ?’’

‘’Malah tekan gendruwo, wong karepku iku  iku piye, kudune sak bare Pilkada, nyanyiane ASN itu Pop Keroncong kok isih dho karepe dhewe. Ana sing nyanyi dangdut, rock. Solosine piye, kok malah mbahas Gendruwo,’’ Paiman protes. Dikandhakno, nek kahanan sing kaya ngene iki kedlarung-dlarung lak mesake nakhkodane sing arep dandan lan Majoke mBlora.

‘’Kandani, kahanan sing ana saiki iku merga ana Gendruwo Sadang sing meden-medeni,’’ Min Singo moh kalah.

Diomongo, menawa genderuwo iku sakjane “setan” sing ora jahat. Gawenae mung nggawe wong wedi. Nek awa iso memba dadi macan, ula, bajul, uga iso memba dadi alap-alap. Nek bengi isa berubah bisa wujud dadi wong laning dalan sepi.

Masiyo ngono, Min Singo malah mbulat-mbulat olehe tutur, genderuwo iku ya medeni. Sering ngetok memba dadi wong tuo, bocah.  Ana kala mangsane Genderuwo tingkae kelewat bates. Nyamar dadi bojone wong, terus ngeloni.

Ojo Wedi

Kudune, Singo nyaranke kahanan saiki iku Dirigene ojo wedi. Ojo geter, tetep mergawe ndukung Nahkoda olehe arep nata mBlora. Nek bahasa kerene, Dirigen harus tetap profesional bertugas.  Salah satunya tetap mendelegasikan tugas secara efektif.

Dengan mendelegasikan tugas, Dirigen perlu mendorong bawahan untuk bekerja lebih efektif, mengarahkan dengan baik, membantu bawahan langsung untuk berkembang. Perlu mengambil keputusan yang tepat untuk langkah berikutnya. Untuk mendelegasikan dengan baik, Dirigen juga perlu membangun kepercayaan dengan tim Anda.

Baca Juga :  Blora Becoming the Second Sumedang in Indonesia ?

Selain itu, rembuge Singo wis lali nganggo Basa Jawa. Dirigen tetap terus  efektif dan komunikasi yang efektif adalah dua hal yang saling terkait.  Harus dapat berkomunikasi dengan berbagai cara, mulai dari memberikan informasi hingga melatih orang-orang, harus dapat mendengarkan, kemudian berkomunikasi pada semua orang. Kualitas dan efektivitas komunikasi di seluruh organisasi seorang Dirigen secara langsung mempengaruhi keberhasilan strategi suksesnya pembangunan di Blora.

Memba dadi wong pinter, Singa ngomong, kudune Dirigene nduwe “influence”, yaiku mampu meyakinkan orang melalui daya tarik logis, emosional, atau kooperatif. Kudu nduwe sikap menginspirasi para ASN lainnya dengan efektif. Influence people sangat berbeda dengan manipulasi, dan itu perlu dilakukan secara transparan. Itu membutuhkan kecerdasan emosional dan pembangunan kepercayaan.

‘’Ojo ndakik-ndakik ah Min, rembugem. Malah marahi Puteg,’’ Paiman mulai protes.

‘’Ora ya iku maeng,  pokoke Dirigen kudu teteg, ojo pisan-pisan geter. Percaya a, Nahkodane mBlora saiki iku wong kang winasis. Ora usah wedi nek diwedeni Gendruwo, wong ancen gaweane Gendruwo ya ngono iku,’’ Min Singo mungkasi rembug. ‘’Wis wayahe makaryo, dadi Dirigen ojo mbepuk. ‘’ *)

Tinggalkan Balasan

No More Posts Available.

No more pages to load.