Dalang Gebleg

oleh
oleh
Iluustrasi/dok
Bupati & Wabup

Merga nyadari wis salah iku mau, Destarastra mutusno menawa keluargane, mbuh iku garwo prameswari, anak, ora bakal melu maju ing calonan Raja. Ing ngarepe kawula akeh kandha, ”Mosok sekawit njurung patihe melu nyalon terus arep dimusuhi dhewe”

Isih urung tancep kayon. Ana kedadeyan sing nek dipikir arep nggawe wirange Destarastro sing tetep ngugemi Sabdo Pandita Ratu Tan Keno Wola Wali, utawa Sabda Brahmana Raja tan kena wola wali.

Bupati Blora

Tanpo dimangerteni Destarastra, ana pira-pira sentana praja nggawe athik-athik, wara-wara menawa putra mahkotan arep melu nyalon. Nanging bola-bali Destarastra puguh ing pangucap prasetyane, Sabdo Pandita Ratu Tan Keno Wola Wali.

Dikandhake menawa anake sing minangka putra mahkota ora arep nyalon, kajaba isih cilik uga durung cukup pengalaman menawa arep nyekel kendali praja.

Baca Juga :  Pangeran Harry dan Wahyu Setiawan

”Lha ngono iku lakon carangan model piye leh Di?” Pitakone Min Singo sakwise Lik Di medhun saka pakeliran.

”Garek aku eh!” Dalang Di sauran

”Lha sidane Patih Dasono dadi Raja pora owk?”

”Lho, iku mengko tak nggo lakon ning omahe Min Gambleh sing arep nanggap wayanganku uga.”

”Woo …. dasar dalang gebleg. Nggawe lakon wayang carangan kok ngawure pool,” Min Singo drememeng karo ngacris mulih sakwise nonton kridane Dalang Di mayang sewengi muput. *)

Tinggalkan Balasan