Balada Kembang Karo “Entut”

oleh -
Foto || dok

” ING wektu ini ana 194 desa ing mBlora sing nganakake ujian perangkat desa, kanthi jumlah lowongan akehe  857 jabatan. Perkara tuduhan utawa panyekro elek proses ujiane, mbok menawa ora o kabeh ning akeh sing sarujuk menawa tuduhan utawa panyokro ana permainan iku mau, ibarat nggoleki ambune entut kang badheg uleng-ulengan. ”

ORA diselaki meneh, menawa wektu iki ana geger dhemper perkara test utawa ujian perangkat desa ing mBlora. Maneka warna tuduhan elek terus kemriyeg ngenani proses pengisian perangkat kuwi.

Perlu dimangerteni, ing wektu iki sak ora-orane ana 194 desa ing mBlora sing nganakake ujian perangkat desa, kanthi jumlah lowongan akehe  857 jabatan.

banner 728x90

Perkara tuduhan utawa panyekro elek proses ujiane, mbok menawa ora o kabeh ning akeh sing sarujuk menawa tuduhan utawa panyokro ana permainan iku mau, ibarat nggoleki ambune entut kang badheg uleng-ulengan.

Yo ncen, ana ambu entut sing uleng-ulengan, nanging biasane yo ora gampang nggoleki sumber ambune entut iku mau. Jer piye-piye sing jenenge palungguhan perangkat mono barang sing merak ati.

Kahanan sing ana,  ing wektu iki ncen nggolek gaweyan ya angel, apa meneh kok ngincer dadi pegawai negeri utawa pangreh praja, dadi buroh jaga toko ae angele ora mekakat. Mula ora mokal akeh pawongan sing berlomba-lomba ngrebut lowongan perangkat desa iku mau.

Durung maneh ing alam padesan, sing jenenge dadi perangkat mono luar biasa gengsine. Sapa kang dadi perangkat desa, kaya-kaya mundhak sak langit harga dirine sing nglakoni uga tumrap keluargane.

Kena diumpamakake, jabatan perangkat desa mono minangka kembang sing wernane tansah merak ati. Embuh abang, putih, wungu, kuning, utawa campuran, kala mangsane uga  nyebarake ganda arum lan wujude sing endah.

Kayata anggrek. Kembang anggrek thukule kudu ning papan kang eyub. Kena panas sethithik utawa kudanan sethithik wae bakal alum lan rontok. Wujude dadi ora apik. Sing nyenengake, yen dijaga lan diramut kanthi becik bisa urip suwe watara rong sasi utawa telung sasi. Mulane anggrek kuwi kelebu kembang sing aleman utawa ngalem.

Baca Juga :  Ujung Tombok Pendidikan ?

Kembang terate utawa tunjung sekar kuwi ya endah lan wernane ya rada akeh. kayata putih, abang enom, wungu enom, lan biru enom. Ora nyebarake arum wangi. Uripe kudu ing papan kang lendut. Tunjung sekar dadi pralambange yen wong urip kuwi kudu bisa tetep resik sanajan urip ing papan sing ora resik.

Pesene winasis, ojo pisan-pisan kepengin ngrebut kembang Suweg. Kembang sing wujude gedhe banget nanging ambune bacin. Thukule mung ning papan kang eyub,   kayata ing ngisor wit gedhe ing pategalan, barongan, utawa pinggir alas. Kembang sing siji iki  jarang thukul.

Ati-ati yen mrangguli kembang iki. Jalaran mambu kembang iki weteng bisa mules, sirah ngelu, malah bisa semaput. Mula yen weruh kembang iki aja cedhak-cedhak, yen nganti semaput ora ana sing weruh, isa-isa dientup kalajengking, cokot ula, utawa diklamuti garangan, bakal dadi gawe.

Perlu dimangerteni, maneka warna kembang-kembang mau, isa dadi patuladhane manungsa kepriye nglakoni urip. Dadio kembang melati, kembang mawar, kembang tebu, kembang gedhang, tunjung sekar, utawa anggrek. Nanging aja dadi kembang Suweg sing ambune bacin lan urip dhewekan ora gelem kumpul liyan. Mundhak mengko malah dadi kembang lambe.

“Entut”

Bali ngrembug perkara “entut”,  ati-ati menawa nggoleki sumber “entut”. Jalaran jenise  “entut” iku kaperang maneka warna. Kaya to, pawongan sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo, iku mono kalebu wong sing ora jujur.

Ana meneh, wong kang betah ngempet ngentut nganti rong jam. Ikimono kagolong wong kang goblog, jalaran ngempet ngentut nganti 2 jam mono isa-isa dadi udun.

Baca Juga :  Ini Cara Unik, Bhabinkamtibmas Polsek Todanan Imbau Social Distancing

Iki lho sing perlu ditiru lan diprakteke, yaiku wong kang  ngerti kapan kudu ngentut. Pawongan sing kaya ngene iki kagolong wong sing jembar wawasane. Ojo nganti dadi wong  sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut, iki mono kagolong wong sing sengsara.

Kena dienggo pangeling-eling ya, ojo nganti dadi wong sing nek ngentut wong liya ora ono sing ngerti. Jalaran kebiasaan sing kaya ngene iki kalebu wong kang misterius.

Ana meneh jenis entut sing nggambarake wong gugupan, yaiku wong  sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut. Masiyo elek, ketoke jenis entut iki perlu lho, yaiku pawongan sing ngiro nek entute dhewe ambune mesti wangi. Wong kang ngene iki kagolong pawongan kang percaya diri (PD).

Golongan sing siji iki nek isa dihindari, yaiki wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone. Jalaran wong kang kaya mangkene iki kagolong wong kang kejem utawa wengis.

Termasuk sing siji iki, ojo nganti dadi wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-njero dienggo ngganti entute sing metu. Ikimono kagolong wong sing bodho. Termasuk, ojo nganti dicap dadi wong sombong, jalaran seneng ngambu entute dhewe.  Bature gak dibagehi.

Luwih becik dadi wong sing ngakoni nek awak’e bar ngentut. Tumindak sing kaya ngene iki kagolong wong kang jujur. Sing angel nglakonine iku dadi pawongan sing iso niteni ambune entut wong liyane. Menawa iso nglakoni berarti kagolong wong sing pinter.

Sing nyedihake iku menawa dadi wong sing dientuti terus karo wong liyo. Kena diarani pawongan iku mau kagolong wong sing sial, mula perlu diupakara kanthi ruwatan. *)

Editor : Daryanto

banner 728x90

No More Posts Available.

No more pages to load.