Dening : Daryanto
REMBUGANE tangga teparo, uripe Kasdi bener-bener sarwa kecukupan Ian katon harmonis. Anak telu tansah mbangun turut marang bapa biyunge. Dene bojone, Tutik, sing dirabi wolung tahun kepungkur, saben dina gemati Ian mituhu marang guru lakine.
Bener pancen, nalika entuk Tutik, statuse wis randha, nanging durung nate nduwe anak. Malah jare Tutik wis bola-bali randha, Nanging kabeh mau ora ndadekake alasan Kasdi ora sayang.
Nanging ujare kandha kae, jare urip mono sawang sinawang. Sukete tangga katon luwih ijo. Jebul patang tahun keri iki, sesrawungane Kasdi karo bojone “adem”. Kamongko nek perkara butuhan, rumah tanggane Kasdi karo Tutik kalebu cukup. Anak-anake yo becik, pinter-pinter sekolahe, ugo unggah-ungguh Ian solahbawane bener-bener nggawe mongkoking ati wong tua.
Petang tahun sing keri iki, Kasdi ngrasakake ewuh oyo ing pambudi. Angel anggone nemtokake apa kang kudu ditindakake. Dheweke rumangsa bingung nemtokake pilihan. Bingunge Kasdi wong ora amarga bondho, nanging amerga pilihan kang mung sethithik lan apa wae kang ditindakake bakal nuwuhake perkara anyar sing abot.
Arep ninggalake bojone sing wis nukulake wiji anak telu kang apik-apik, kok rasane ora bakal. Umur-umurane sing wis seket tahun, nek nganti ndudho, mosok kudu ngawiti urip seko nol meneh. Nanging menawa ora ninggalake bojone, ojo-ojo umure bakal ora suwe.
Sanadyan Kasdi Ian bojone isih turu nunggal dipan, nanging ora nate gepok senggol lumrahe bebojoan. Kasdi sakjane isih kepengin ngrasakake seneng-seneng kaya wanci nganten anyar. Tapi kabeh mau tinemune buyar, tetep adem nyenet. Mergo wedi nek mati nom.
Kasdi saben ditembung mesti nampik alus kanthi wangsulan kesel. “Aku lagi kesel e Dik. sesuk-sesuk wae yo,” ujare Kasdi alesan.
Bale omah sing maune adem, tentrem lan kembang-kembang katresnan tansh mekar saben dina, ujug-ujug dadi peteng lelimengan. Kabeh mau awale nalika dirembugi kancane sing aran Legiman.
‘’Awakmu gak wedi Di? Bojomu Bahu laweyan hlo,’’ rembuge Legiman nalika cangkruk ngopi ning warunge Nyahni. Warung sing dienggo kumpulan ora resmi wong-wong sak desa.
‘’Apa leh , Man. Wong nyatane aku omah-omah wis wolung tahun, patutan anak telu yo ora ana kedadeyan apa-apa,’’ semaure Kasdi senadyan setengah gronjalan atine.
‘’Durung kok. Sedelo meneh lak isa-isa awakmu mati tanpa sebab.’’
‘’Perkara mati, rejeki, jodho ngono wis ana sing ngatur. Ora usah ndisiki kersa ah, Man. Sing jelas aku nganti saiki sehat, seger waras, yo ora nduwe lara sing mbebayani.’’
Senadyan mbantah rembuge Legiman, tetep ae Kasdi kepikiran. Tekan omah, nyawang anak-anake dho dolan ning latar, mlebu omah mrangguli bojone, Tutik, lagi lempit-lempit kumbahan, Kasdi langsung mlebu kamar. Lamat-lamat rembuge Legiman tetep ae gemrebeg ning kuping lan tembus atine.
Ning njero ati, Kasdi kelingan nalika kenal Tutik sepisanan, kepilut prejengane Rondho teles iku. Dheweke kelingan, menawa salah siji ciri-cirine wong adon Bahu Laweyan iku, nduwei lekuk awak sing marahi wong lanang seneng. Senadyan, ing walike prejengan awak sing apik itu ana misteri kutukan kang kesimpen.
Ujare Legiman, nalika ngopi bareng, jare misteri kutukan iku merga ing awake wadon Bahu Laweyan monoono disilih siluman sing nduwe sedya jahat. Akeh wong sing ngomong, menawa mitose wadonan bahu laweyan kerep nggawa sial karo pasangane.
Orang mung kuwi, mitose wong wadon bahu laweyan uga arep nggawe pasangane mari tanpa sebab. Kabeh mau, merga mitos wong wadon bahu laweyan nduweni ilmu sing kanthil ning awake lan aurane jahat.
Isih kelingan omongane Legiman, jare ing uripe wong wadon bahu laweyan mono ditempleki aura mistis. Pandengane sing kosong, wonge meneng lan seneng ndewe.
***
Lagi asyik-asyike ngalamun, Tutik, bojone mlebu kamar. Menehi kode menawa butuh jatah batin.
Kaya sing wis-wis. Kasdi saben ditembung mesti nampik alus kanthi wangsulan kesel. “Aku lagi kesel e Dik. sesuk-sesuk wae yo. Tur meneh iki mengko aku janjian karo Legiman, arep ning Mbah Jamal, njaluk suwuk supaya gaweyanku lancar,” ujare Kasdi alesan.
Bab kesel kuwi blas ora tinemu nalar. Srawung karo bojone sing adem njejet iku mau sakjane merga Kasdi pikire banget bingung karo critane Legiman babagan wong wadon bahu laweyan.
Apa meneh, meneng-meneng nalika Kasdi nyetitekake awake Tutik, bojone. Kaya to, nduweni andeng-andeng gedhe ning bahu kiwa. Nduweni dekikan kaya lesung pipit ning gegere. Uga, bentuk bahune Tutik mlengkung kaya busure panah.
Banget judege pikire Kasdi. Dene semono, ning batin Kasdi isa ngrasake kaya ngapa kesiksa batine Tutik. Minangka wong wadon normal, sakumurane sejatine isih pengin ngrasakake anget lan seneng-seneng. Nanging piye maneh, wong dheweke wedi karo wewayangan wong wadon Bahu Laweyan. Mula, anggone ngadepi bojone, Kasdi pangah adhem-adhem wae.
Kasdi ya apal banget, menawa bojone kuwi tipe wong wadon jirih Ian lugu. Ora ngarah gelem nglakoni barang raged, tumindak sedeng umpamane. Tumindak sedeng mono tumindak kang ora setya, lan njalari reged lan lara. Justru kahanan sing kaya mangkono iku sing njalari Kasdi ewuh oyo.
Jenenge menungsa wis mesthi nduwe wates. Ngadepi kahanan ruwet pikir kaya ngono iku, nalika mlaku-mlaku ning Malioboro Jogya, ora sengaja Kasdi ketemu Rina, sipat lan tumindake Kasdi, wong lanang sing isih normal saknalika thukul. Kepengin ngliya.
Apa maneh, Rina iku sejatine pernah sesambungan tresna nalika isih podho kuliah mbiyen-mbiyene. Sambung tersno kuwi ora dibacutke nganti omah-omah, jalaran ing wektu semono Kasdi kalah saingan. Dheweke sing isih nganggur, Rina dijodhoke wongtuwane karo pegawai bank, sing nduwe masa depan luweh mapan .
Telung tahun ora ketemu, sing njalari Kasdi karo Rina gembyeng olehe njagong ning angkringan sing ana Malioboro. Kekarone ngudarasa kahanan kulawargane dhewe-dhewe.
Sing siji crita bab keweden mati enom merga bojone bahu laweyan. Sijine crita asring dicueki bojone merga wis bebojoan telung tahun durung diparingi momongan.
Bener ana kandha, menawa ana wong loro lanang karo wadon awor, bakal teka jenise makhluk ciptaane Gusti Allah, Setan, melu awor. Lan tundhono, setan mau ujug-ujugi barang sing nerak wewalere urip lan agama. Rasa tresna lawas antarane Kasdi karo Rina semi maneh Ian cepet ngrembaka.
Kaya-kaya lali yen kekarone wis padha duwe keluarga. Kasdi karo Rina ndelik-dhelik karo keluargane asring kencan. Kaya-kaya wis lali sakabehane. Kasmaran bener-bener ngowahi sipat Ian tumindake Kasdi karo Rina.
Sak pinter-pintere ngumpetke barang bosok, akhire uga mambu karo liyan. Tutik, bojone Kasdi mambu barang badheg sing dilakoni guru lakine. Sakjane wis suwe krasa, saben-saben di jaluki jatah batin, bojone terus semoyo kanthi alesan nembe kesel.
Ati wedoke krunteg-krunteg, merga bojone saben ditembung mesti nampik alus kanthi wangsulan kesel. “Aku lagi kesel e Dik. sesuk-sesuk wae yo,” ujare Kasdi alesan.
Tutik krasa banget, bale omah sing maune adem, tentrem lan kembang-kembang katresnan tansah mekar saben dina, ujug-ujug dadi peteng lelimengan.
‘’Mas, aku pengin omong sedhela. Penting,’’ ujare Tutik nalika mrangguli Kasdi macak mlipit arep nyetater motor, athik ambune parfum uleng-ulengan.
‘’Mengko ae Dik, iki aku wis diteni Lik Legiman, arep tilik barang,’’ semaure Kasdi ngemu wadi, nggolek alesan supaya iso ndang metu omah merga wis kenca karo Rina, sing wis dipacari patang sasi.
‘’Ora Mas, iki penting kanggo bale pomahe dhewe,’’ Tutik nekad njabut kontak motor sing wis tumancep ning motor.
Pungkasane Kasdi ngalah. Motor dituntun mlebu omah, sandangan mlipit sing dienggo dilukari meneh, banjur njagongi sisihane. Atine trataban, merga ora adat sabene Tutik nekad lan kaya wis ninggal sopan santun lan ngajeni bojo.
Mripate Tutik kembeng-kembeng, malah luh bening katon ndlewer ning pipine. ‘’Ora to, Mas, sakjane aku ki kurang apa dadi bojomu. Wis maringi anak telu, lan tansah mituhu karo njenengan.’’
Kasdi mung isa theleg-theleg, ora nyauri pitakano bojone. Batin, mikir ora mungkin dheweke arep omong terus terang perkara bahu laweyan. Malah kepara wedi, ojo-ojo Tutik wis ngerti sesambungane karo Rina.
‘’Ngene ae Mas, aku baleke ning wong tuaku ae. Wis ora kuat mas aku, apa meneh akeh sing kandha nek njenengan nduwe simpenan.’’
Mak tratab, Kasdi ndeleng praupane bojone. Perang batin, antarane arep jujur ngomong apa anane karo bojo, apa tetep nyimpen wadi perkara bahu laweyan. Nyawang Tutik terus nangis sesenggukan, Kasdi langsung nggapyuk pundake lan ngelus-elus gegere.
‘’Dik, aku entuk terus terang,’’ pitakone Kasdi.
‘’Iyo Mas. Luwih becik sampeyan terus terang. Wis ora kuat aku nyangga lelakon bale pomah iki.’’
‘’Jujur, aku wis kepangan omongane kanca, jare awakmu kagolong wong wadon bahu laweyan. Terus terang aku moh dadi korbanmu, mati nom sing tanpa sebab.’’
‘’Ooo iku to, Mas. Kebangeten tenan njenengan nudhuh sing kaya ngono iku. Malah njenengan wis wani tumindak sedeng karo wong wadon liya. Ngene ae, Mas, ayo ning omahe Mbah Diran, njaluk pepadang ngenani bahu laweyan.’’
Podho nduwe niyat mbangun bale pomah, wong loro banjur boncengan menyang omahe Mbah Diran. Tokoh kejawen sing dadi jujugane wong sakdesa babagan kejawen. Mbuh kuwi perkara nggolek dina menawa arep nduwe gawe, naga dina, geblak lan sapanunggalane.
Beja kemayangan , tekan omahe Mbah Diran, ora ana tamu. Kasdi karo Tutik isa bebas ngudarasa. Ora ndadak basa basi, kekarone crita babagan rumah tanggane, kalebu tuduhan kanggo Tutik sing didarani wong wadon bahu laweyan.
‘’Wis apa durung iki critane,’’ pitakone Mbah Diran krungu cirtane Kasdi karo Tutik sing kaya angin lesus.
‘’Sampun, Mbah. Nyuwun sewu kula diparingi pepadang nggeh,’’ jawabe Tutik.
Unjal ambegan dawa, Mbah Diran crita akeh-akeh babagan bahu laweyan. Dikandhake, menawa wong wadon sing nduwe candra bahu laweyan bakal ilang aura negatife lan nasib elek sing dipercaya minangka kutukan.
Ora gelem nyinggung menawa Tutik mono kagolong bahu laweyan, Mbah Diran kandha menawa kutukan bahu laweyan isa rampung lan ora nggawa sial kanggone wong lanang sing ngrabeni.
‘’Napa niku Mbah,’’ Kasdi nyrambul pitakon.
‘’Wong wadon bahu laweyan mono, menawa wis nduwe bojo kaping pitu lan ngawa korban kaping pitu, kabeh mau bojone, kabeh kutukan arep ilang dhewe.’’
‘’Kok kados ngoten Mbah?’’
‘’Hla mbuh, miturut gugon tuhon, angka pitu mau minangka lambang tali kanggo naleni mayit. Mula, wong wadon bahu laweyan menawa wis nikah kaping wolu, pasangan kuwi arep slamet.’’
Mak plong atine Kasdi. Masalah bojone iku kaglong bahu laweyan apa ora, saiki dudu masalah, sakwise ngrungoke keterangane Mbah Diran. Saumpama iyo, Kasdi ora bakal kuwatir, merga sakjane nalika awake ngrabeni Tutik mono wis nate rabi kaping pitu.
Wis cukup oleh nggolek pepadang, Kasdi karo Tutik enggal pamitan. ‘’Maturnuwun sanget Mbah, nggeh saking pitedah panjenengan niki wau, saged maringi pepadang bale somah kula,’’ ngono Kasdi nalika pamitan.
Turut ndalan nalika bali saka omahe Mbah Diran, meneh-meneh Kasdi mung mbatin setengahe getun. Geneya kabeh lelakon bale somahe isa dumadi? Pungkasane Kasdi sadar, mbok menawa lelakone kabeh kuwi minangka pacobane saka Gusti sing Akarya Jagad.
Uga pepeling, menawa uripe kudu mlaku menyang dalan padhang, dudu dalan peteng sing nglantarake menyang kahanan unip reged kebak dosa. Kaya to, dheweke wis sesingitan nyambung tresna karo Rina.
“Aku ngakoni salah Dik. Ayo saiki ngwiti lembaran omah-omah anyar. Aku bakal gemati karo anak bojo sing wis diparingi Gusti. Anak bojo sing wis diparingi Gusti Kang Akarya Jagad iki bakal tak tresnani lan tak disetyani saklawase”, ujare Kasdi karo ngrangkul bojone. (Cuthel)
- Kasaring saka akeh sumber